Nguri-uri Basa lan Budaya Jawa Geneya Kudu?

Pentil isih kelingan nalika cilikan biyen dolanan ana pelataran omah -kaya wes gedhe wae. Pelatan kang  jembar iku dadi suwargane kanca-kanca kanggo dolanan benthik, patahan, bentengan lan liyane. Iya, kuwi mau dolanan sing kerep dimaenake sabudhale sekolah. Saiki? pelataran mau wes dadi gedhong sing megrang-megrang. Akh…

Beda cerita ning isih jaman cilikan. Wektu kuwi Pentil didhawuhi bu Lik jupuk katul ana tangga teparone. Nalikane bali gawa katul, bu Lik lagi metu omah lan sing ana omah mung simbah. “Mbah, iki katule”, karo bengok banjur bladhas lunga. Merga kedadyen kuwi, seminggu dadi omongane bu Lik yen aku ora duwe sopan santun lan tata krama marang wong tuwa. Huft…

Kuwi mau crita nalikane Pentil isih cilik. Banjur sing dadi perkara apa? Baca pos ini lebih lanjut

Iklan

Salahe Sapa Dadi Bangsa Sopan Andhap Asor Luhur ing Budi?

Salahe Sapa Dadi Bangsa Sopan Andhap Asor Luhur ing Budi?

Nalikane Puntadewa dijak maen dadu korawa, dheweke ngerti yen kuwi mung akal-akalan kanggo nyingkirake Pandawa. Ning panjalukan mau tetep ditrima kathi legawa, ora mikirke meh dinakali apa diapusi. Penting, antarane Pandawa lan Korawa duweni harmonisasi kang adem tentrem. Dalah mburi-burine Pandawa diisin-isin, diwudani ajine  lan kudu buwang dhiri, tetep dilakoni kanthi ksatria, ora mokal ora nggelut.

***

Kuwi mau tugelane crita Mahabarata kang isine kondhang ngemu kautamane ngaurip. Perang antarane becik lan ala, putih lan ireng sajrone atine manungsa sing diwakili Pendawa lan Korawa. Kalorone padha sedulure, padha keturunane, bangsa Barata.

Indonesia lan Malaysia ora beda karo crita Pandawa lan Korawa. Padha sedulure, pada suku bangsane, Melayu. Ning ya kaya crita  mau, mesti ana sengol-sengolane, ana tukarane. Baca pos ini lebih lanjut